teks berjalan

Welcome To On The Way Blog

Senin, 14 November 2011

Contoh berita berbahasa jawa


Berita 1
Jumat, 11 Februari 2011
Kiai se-Jawa Madura Nyuwun Pembubaran Ahmadiyah
PASURUAN - Halaqah Majelis Silahturrahmi Pengasuh Pondok Pesantren Indonesia (MSP3I) se-Jawa lan Madura nyuwun dateng pamarentah supados enggal mbubaraken Jemaat Ahmadiyah.Majelis alim ulama ugi ndawuhaken supados ngendek sedoyo mawon kegiatan lan penyebran kegiatan Ahmadiyah."kangge nyegah kedadosan kekerasan lan njagi keamanan negari, majelis silahturrahmi kyai nyuwun dateng pemerintah mbubaraken Ahmadiyah .pangandikanipun , KH Fachurrozi, Ketua MSP3I Jatim ingkang ugi pengasuh Ponpes An Nur, Bululawang Malang, Jumat (11/2/2011).  Halaqah alim ulama di Ponpes Sidogiri, Kraton Kabupaten Pasuruan, kolo wingi, ugi nyuwun dateng pemerintah supados SKB TigoMenteri No 3 tahun 2008 dados Undang-undang pelarangan ajaran Ahmadiyah. dateng masyarakat, dipun imbau supados mboten gampil dipun provokasi kawontenan puniko terutami masalah sara. Halaqah poro sesepuh Ponpes niki dipun dugeni 130 ulama lan kyai khos. antawisipun KH Abdullah Faqih (Langitan Tuban), KH Achmad Subadar (Pasuruan/Rais Syuriah PBNU), KH Nawawi Abdul Djalil (Sidogiri, Pasuruan), KH Miftahul Ahyar (Rais Syuriah PWNU Jatim), KH Abdussomad Bukhari (Ketua MUI Jatim), KH Pangadilan Daulay (MSP3I Jakarta), KH Fuad Nurhasan, KH Bachruddin Thayyib (Pasuruan), KH Fachri Abdullah Sachal (Bangkalan). Serat rekomedasi poro alim ulama niku wau ajeng dipun kintun dumateng Presiden lan DPR/MPR. Poro ulama ugi gadah pangarep-arep supados pamarentah enggal kemawon mbubaraken jemaat ahmadiyah ingkng sampun nyesataken puniko.Ketua MUI Jatim, KH Abdussomad Bukhari ugi mratelaaken , intinipun masalah kolo wau inggih saking ajaran ahmadiyah ingkang sesat lan mboten dipun larang kalian pemerintah.
Berita 2
Pengetan Hadege Kabupaten Klaten
            Pengetan 203 taun hadege Kabupaten Klaten, Setu (28/7) kapungkur, diramekake kanthi adicara kirab budhaya. Kacihna umure Kabupaten Klaten wis 203 taun, ananging pengetan hadege pancen nembe sepisanan iku digelar. Sadurunge, Pamarentah Kabupaten Klaten ngadani tembayatan kalawan para sejarawan saka Jurusan Sejarah Fakultas Sastra dan Seni Rupa (FSSR) UNS kanggo sejarah hadege Kabupaten Klaten. Saka panaliten sejarawan FSSR UNS iku kasil dipesthekake menawa hadege Kabupaten Klaten diwiwiti 203 taun kapungkur, lan pengetan dina hadege Kabupaten Klaten kang sepisanan dianani dina Setu kapungkur iku. Miturut Pangarsa Panitya Pengetan 203 taun Hadege Kabupaten Klaten, Djoko Sutrisno, pengetan diregengake kanthi maneka warna adicara kang asipat ngleluri budhaya tradhisi. Kayadene kirab kang digelar dina Setu kapungkur, kang diestreni Bupati Sunarna lan Wakil Bupati Samiadji. Kabeh kang melu ing kirab iku manganggo busana Jawi jangkep.
Kapethik saking SOLOPOS, Kemis Legi 2 Agustus 2007,
Kaca B Jagad Pamulang

Tidak ada komentar:

Posting Komentar