teks berjalan

Welcome To On The Way Blog

Sabtu, 12 November 2011

Catatan Basa Jawa

PARAGRAF
  • Alinea inggih menika klumpukanipun ukara-ukara ingkang runtut manunggal ingkang mujudaken wedharan satunggalipun gagasan baku utawa ukara lajer saha ukara panerang.
  • Ukara lajer/ baku inggih menika ukara wos ingkang mujudaken underanipun perkara salebetipun paragraf.
  • Ukara panerang inggih menika ukara panjlentrehipun ukara baku.
  • Jenisipun paragraf tinitik saking panggenanipun ukara baku :
a.      Paragraf deduktif        : Paragraf ingkang ukara bakunipun mapan wonten wiwitaning paragraf.
b.     Paragraf induktif        : Paragraf ingkang ukara bakunipun mapan wonten pungkasaning paragraf.
c.      Paragraf campuran     : Paragraf ingkang ukara bakunipun mapan wonten wiwitan saha pungkasanipun paragraf.
  • Ciri-cirinipun Paragraf wonten 4 yakuwi :
a.      Kawiwitan kanthi larikan enggal tinulis radi nonjok mlebet.
b.     Dumadi saking pinten-pinten ukara ingkang manunggal runtut.
c.      Sarta nggadhahi sambung rapet.
d.     Isinipun nggadhahi satunggal gagasan baku.


PAWARTA
  • Pawarta inggih menika berita / kabar.
  • Sumber-sumberipun pawarta :
Ø  Tv
Ø  Ariwarti
Ø  Radio
Ø  Internet
Ø  Kalawarti
  •  Unsur – unsuripun pawarta ingkang becik :
Ø  5 W 1 H
§  What         : Apa kedadeyanipun.
§  When        : Kapan dumadinipun prastawa.
§  Where       : Wonten ing pundi papa kadadeyanipun.
§  Why          : Keneng ngapa/alesanipun.
§  Who          : Sapa ingkang nglakoni/nandang.
§  How          : Kepiye mungguh kadadeyanipun.
Ø  Titikanipun pawarta becik
§  Aktual                   : Paling anyar.
§  Faktual                  : Nyata kadadeyanipun.
§  Obyektif                : Satimbang saha mboten mehak.
§  Narik kawigaten   : Nduweni bobot lan ndudut ati.

TEMBANG MACAPAT
  • Tembang Macapat uga tembung jawi alit ingkang mujudaken lagu winengku sastra kang kaiket patokan guru lagu, guru wilangan, uga guru gatra.
  • Guru lagu inggih menika tibaning swara ing pungksanipun gatra ugi sinebat dhong-dhing.
  • Guru wilangan inggih menika cacahipun wanda saben setunggal gatra.
  • Guru gatra inggih menika cacahipun gatra saben satunggal pada.
  •  Jinising tembang macapa wonten 11 yakuwi :
1.     Pocung ( 4 gatra, 12u 6a 8i 12a ) watakipun greget rada kendo cocok kanggo cerita kang laras.
2.     Gambuh ( 5 gatra, 7u 10u 12I 8u 8o ) watakipun sumanak sumadulur cocok kanggo menehi mitudhuh pangerten lan ngandhut rasa seneng.
3.     Durma ( 7 gatra, 12a 7i 6a 7a 8a 5 7i ) watakipun sereng, nesu cocok kanggo nyritakake rasa sereng, gregeten, utawa cerita perang.
4.     Pangkur ( 7 gatra, 8a 11i 8u 7a 12u 8a 8i ) watakipun sereng, nesu cocok kanggo ngadhareke pituduh kanthi rada nesu utawa kanggo wiwitan perang.
5.     Mijil ( 6 gatra, 10i 6o 10e 10i 6I 6u ) watakipun prihatin cocok kangg cerita sedih utawa cerita babagan asmara.
6.     Kinanthi ( 6 gatra, 8u 8i 8a 8i 8a 8i ) watakipun rasa seneng, tresna cocok kanggo piwulang sawijining ilmu kang ngandung asmara.
7.     Sinom ( 9 gatra, 8a 8i 8a 8i 7i 8u 7a 8i 12a ) watakipun canthas, trengginas cocok kanggo kaandharake petuah.
8.     Maskumambang ( 4 gatra, 12i 6a 8I 8a ) watakipun nelangsa, ngeres-ngeresi cocok kanggo carita nrenyuhake.
9.     Dhandhanggula ( 10 gatra, 10i 10a 8e 7u 9i 7a 6u 8a 12i 7a ) watakipun ngresekake, kepranan, luwes cocok kanggo nggambarake apa wae.
10.  Asmaradana ( 7 gatra, 8i 8a 8e/o 8a 8a 8u 8a ) watakipun sedih prihatin sajroning asmara cocok kanggo cerita kang ngemu rasa sedih lan ngandung rasa asmara.
11.  Megatruh ( 5 gatra, 12u 8i 8u 8i 8o ) watakipun trenyuh, mesakake cocok kanggo cerita kang ngandung rasa sugih memelas.

1 komentar:

  1. JOin nan Blog Mau kaga ??? nih blog gua taekwondojateng.blogspot.com

    BalasHapus